Ngarep ireng mburi ireng sing tengah pethentang pethenteng batangane cangkriman iki

ngarep ireng mburi ireng sing tengah pethentang pethenteng batangane cangkriman iki

ngarep ireng mburi ireng sing tengah pethentang pethenteng batangane cangkriman iki yaiku wong mikul areng.

Mari kita simak pembahasannya.

Cangkriman yaiku unen-unen kang nduweni batangan lan kudu dibedek utawa di goleki jawabane.

Jenis-jenis cangkriman yaiku
1. Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang isine wewancahing tembung-tembung. Tuladhane yaiku “Pakboletus”, yaiku; tapak kebo ono lelene satus.
2. Cangkriman blenderan yaiku unen-unen kang isine ngemot tembung kang mlesetake. Tuladhane yaiku “Wong ketiban duren bakal sugeh pari”, = pari karepe paringisan amarga kelaran.
3. Cangkriman pepindhan yaiku unen-unen kang isine ngemot pepiribane barang. Cangkriman pepindhan uga kalebu cangkriman irib-irib kayata ing soal iku. Tuladhane ngarep ireng mburi ireng sing tengah pethentang pethenteng = wong mikul areng.
4. Cangkriman tembang yaiku unen-unen kang ditembangake utawa digawe kaya tembang. Tembang kang dimaksud bisa tembang macapat. Tuladhane yaiku
“Bapak pocung, renteng-renteng kayu kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba, si pocung mung turut kutha. (tegese; sepur)”

Dengan demikian, ngarep ireng mburi ireng sing tengah pethentang pethenteng batangane cangkriman iki yaiku wong mikul areng.

Semoga membantu ya 🙂

Baca Juga :  Perubahan energi pada kompor tenaga surya adalah